Wujude Layang :
Miturut wujude layang iku ana 6 yaiku :
1. Layang kitir
2. Layang Paturan
3. Layang dhawuh
4. layang lelayu
5. Layang kiriman ganep/
iber iber
6. layang ulem.
Penjelasane
Layang Kitir
Layang kitir isine cekak/ringkes lan
ditulis ing dluwang lan kudu ditengeri. Layang iki kaya dene memorandem (kanggo
pangeling eling). Layang iki katulis ana ing dluwang bisa awujud embaran kertas
cilik. Layang kitir iki ora merlokaku purwaka basa lan wasana basa, dadi mung
isi wae. Isine kang wigati dadi mbutuhake wektu kang cepet dikirim lan ditampa.
layang kitir iki bisa tanpa amplop (mbukak) utawa nganggo amplop (nutup).
Tuladhane layang kitir yaiku : note, resep dokter, lan liyan liyane.
Layang Paturan
Yaiku layang kang isine aweh weruh utawa
ngabari samubarang lan isine kudu dingerteni wong akeh.
Layang dhawuh
Layang kang isine dhawuhe dhuwuran marang
andhahane (saka wong sing dhuwur pangkate marang ngisorane).
Layang Lelayu
Yaiku layang kang isine menehi kabar
lesusahan utawa layange wong sing ngabari kepaten/ kasripahan.
Layang kiriman ganep /
Iber iber
yaiku layang kang isine ganep orang mung
mligi sawijine bab, naging jangkep (wiwit daka pembukaan,isi, panutup lan
paprenah) isine uga nerangake werna werna ya bab kahanane,suka sukane,
kesarasan, lan liyan liane.
Layang ulem
Yaiku layang kang isine undhangan pawongan
kang lagi arep duwe gawe (mantu, sunathan, lan liya liyane).
Rangkuman :
Jenise Layang
|
Pengertiane :
|
Kitir
|
Layang
sing digawe dene memorandem (kanggo pangeling eling).
|
Paturan
|
layang
kang isine aweh weruh utawa ngabari samubarang
|
Dhawuh
|
Layangkang
isine dhawuhe dhuwuran marang andhahane
|
lelayu
|
layang
kang isine menehi kabar lesusahan
|
Iber iber
|
layang
kang isine ganep orang mung mligi sawijine bab, naging jangkep
|
Ulem
|
layang
kang isine undhangan pawongan kang lagi arep duwe gawe
|
LATIHAN SOAL
JAWABEN PITAKON ING NGISOR IKI ING BUKU TUGAS!
1. Gaweno tuladha jenise layang ing duwur , saben layang tulisen 1 tuladha
0 komentar:
Posting Komentar